Selasa, 11 Februari 2014

Syiir Ngudi Susilo (Kyai Bisri Mustofa Rembang)

Oleh: Kyai Bisri Mustofa
Rembang

SHOLATULLOHI MA LAHAT KAWAKIB
NGALAHMAD KHOIRI MAR ROKIBAN NAJAIB

iki syiir kanggo bocah lanang wadon
nebihake tingkah laku ingkang awon
***
sarto nerangake budi kang prayogo
kanggo dalan podo mlebu ing suwargo
bocah iku wiwit ngumur pitung tahun
kudu ajar toto keben ora getun
***
kudu tresno ring ibune kang ngrumati
kawit cilik marang bapak kang gemati
ibu bapak rewangono lamun repot
ojo koyo wong gemagus ingkang wangkot
***
lamun ibu bapak printah inggal tandang
ojo bantah ojo sengol ojo mampang
andhap asor ing wong tuwo najan liyo
tetepono ojo koyo rojo koyo
***
gunem alus alon lirih ingkang terang
ojo kasar ojo misuh koyo bujang
yen wong tuwo lenggah ngisor siro ojo
pisan lingguh nduwur koyo jaman jogjo
***
yen wong tuwo sare ojo geger guyon
lamun siro nuju moco kudu alon
lamun siro liwat ono ing ngarepe
kudu nuwun amit sarto ndepe-ndepe
***
lamun ibu bapak duko becik meneng
ojo melu padon ugo ojo greneng
(BAB AMBAGI WEKTU)
dadi bocah kudu ajar bagi zaman
ojo pijer dolan nganti lali mangan
***
yen wayahe sholat ojo tunggu printah
inggal tandang cekat-ceket ojo wegah
wayah ngaji wayah sekolah sinahu
kabeh mau gateake klawan tuhu
***
kenthong subuh inggal tangi nuli adus
wudlu nuli sholat khusuk ingkang bagus
rampung sholat tandang gawe opo bahe
kang prayogo koyo nyaponi omahe
***
lamun ora iyo moco-moco quran
najan namung sithik dadiyo wiridan
budal ngaji awan bengi sekabehe
toto kromo lan adabe podo bahe
***
(ING PAMULANGAN)
lamun arep budal menyang pamulangan
toto toto ingkang rajin kang resikan
nuli pamit ibu bapak kanthi salam
jawab ibu bapak ngalaikumus salam
***
disangoni akeh sithik kudu trimo
supoyo ing tembe dadi wong utomo
ono pamulangan kudu tansah gati
nompo piwulangan ngilmu kang wigati
***
ono kelas ojo ngantuk ojo guyon
wayah ngaso keno ojo nemen guyon
karo konco ojo bengis ojo judas
mundak diwadani konco ora waras
***
(MULIH SAKING PAMULANGAN)
bubar saking pamulangan inggal mulih
ojo mampir-mampir dolan selak ngelih
tekan omah nuli salin sandangane
kudu pernah rajin rapi aturane
***
(ONO ING OMAH)
karo dulur konco ingkang rukun bagus
ojo koyo kucing belang rebut tikus
dadi tuwo kudu weruh ing sepuhe
dadi anom kudu rumongso bocahe
***
lamun bapak ngalim pangkat sugih joyo
siro ojo kumalungkung ring wong liyo
pangkat gampang minggat sugih keno mulih
ngalim iku gampang owah molah-malih
***
arikolo siro madep ring wong liyo
kudu ajer ojo mrengut koyo boyo
(KARO GURU)
marang guru kudu tuhu lan ngabekti
sekabehe printah bagus dituruti
***
piwulange ngertenono kanthi ngudi
nasihate tetepono ingkang merdi
larangane tebihono kanthi yekti
supoyo ing tembe siro dadi mukti
***
(ONO TAMU)
tatkalane ibu romo nompo tamu
ojo biyayaan tingkah polahanmu
ojo nyuwun duwit wedang lan panganan
rewel beko koyo ora tau mangan
***
lamun banget butuh kudu sabar disik
nganti tamu mundur dadi siro becik
arikolo podo bubaran tamune
ojo nuli rerebutan turahane
***
koyo keting rerebutan najis tibo
gawe malu lamun dideleng wong njobo
kejobo yen bapak dawuh he anakku
iku turahe wong ngalim kyaiku
***
bagi roto sak dulurmu keben kabeh
katularan ngalim sugih bondo akeh
niat iro nuprih berkahe wong mulyo
ora niat rebut turahe wong liyo
***
(SIKAP LAN LAKU)
anak islam iki mongso kudu awas
ojo nganti leno mengko mundak tiwas
luru ngilmu iku perlu nanging budi
adab islam kudu tansah dipersudi
***
akeh bocah pinter nanging ora bagus
budi pekertine sebab dho gemagus
ring wong tuwo gak ngergani gak ngajeni
sajak pinter dewe longko kang madhani
***
jare iku caranipun sak puniko
ora ngono dudu intelek merdeko
ngagem blangkon serban sarung dadi gujeng
jare ora kebangsaan ingkang majeng
***
sawang iku pangeran diponegoro
imam bonjol tengku umar kang kuncoro
kabeh podho belo bongso lan negoro
podo ngagem destar pantes yen perwiro
***
gujeng serban sasat gujeng imam bonjol
sak kancane he anakku ojo tolol
timbang gundul opo ora luwih bagus
ngagem tutup sirah koyo raden bagus
***
kolo-kolo pamer rambut sak karepmu
nanging kudu eling papan serawungmu
kumpul mudho bedo karo pul yaine
nuju sholat gak podho melancong nujune
***
ora nuli melancong gundul sholat gundul
sowan morotuwo gundul nguyuh gundul
(CITA-CITA LUHUR)
anak islam kudu cita-cita luhur
keben dunyo akhirote biso makmur
***
cukup ngilmu ngumume lan agamane
cukup dunyo kanthi bekti pengerane
biso mimpin sak dulure lan bangsane
tumuju ring raharjo lan kemulyane
***
iku kabeh ora gampang leksanane
lamun ora kawit cilik to citane
cita-cita kudu dikanthi gumergut
ngudi ngilmu sarto pekerti kang patut
***
kito iki bakal tininggal wong tuwo
ora keno ora kito mesthi muwo
lamun kito podho katekan sejane
ora liwat siro kabeh pemimpine
***
negaramu butuh mentri butuh mufti
butuh qodli patih seten lan bupati
butuh dokter butuh mister ingkang pinter
ngilmu agomo kang nuntun laku bener
***
butuh guru lan kyai kang linangkung
melu ngatur negorone ora ketung
iku kabeh sopo maneh kang ngayahi
lamun ora anak kito kang nyaguhi
***
kejobo yen siro kabeh ridlo mbuntut
selawase angon wedhus nyekel pecut
siro ridlo goncek cikar selamine
kafir iro mentul-mentul lungguhane
***
ora nyelo angon wedhus numpak cikar
asal cita-cita ngilmu biso nenggar
nabi kito kolo timur pangon mendo
ing tembene pangon jalmo kang sembodo
***
abu bakar shidiq iku bakul masar
nanging noto masyarakat ora sasar
ali abu tholib bakul kayu bakar
nanging tangkes yen dadi panglima besar
***
wahid hasyim santri pondok gak sekolah
dadi mentri karo liyan ora kalah
kabeh mau gumantung ing sejo luhur
kanthi ngudi ilmu sarto laku jujur
***
tekan kene pungkasane syiir iki
larikane wolu limo kurang siji
mugo-mugo sejo kito sinembadan
dening alloh ingkang nurunake udan
***
pinaringan taufiq sarto hidayah
dunyo akhirote sehat wal ngafiah
AMIN AMIN AMIN AMIN AMIN AMIN
FAL HAMDULIL ILAHI ROBBIL NGALAMIN
***
TAMMAT
KH Bisri Mustofa
Rembang, Jumadil Akhir 1373H
***
{Lihat Bacaan}
Mustofa, Bisri. 1373 H. Syiir Udi Susilo. Kudus: Penerbit Menara Kudus.
{Perincian Kitab}
Judul Kitab : Syi’ir Udi Susilo
Pengarang : Kyai Bisri Mustofa Rembang
Bahasa : Jawa
Tulisan : Pegon
Penerbit : Menara Kudus (Kudus & Yogyakarta)
Tahun : 1373 H
Jumlah Halaman: 16
Harga (2011) : Rp 1.500,-
Hak cipta dilindungi undang-undang.

4 komentar: